Sliramu rak yo kelingan,
Janji tresno, naliko semono
Sih kinasih, tansah reruntungan
Koyo mimi lan mintuno..
Sedino koyo setaun,
Upomo pisah klawan sliramu,
Pancen ora ono ceritane,
Pisah lahir lan batine..
Wong ayu, gantilaning atiku
Piya-piye, aku manuk sliramu
Yen pingin takon, isi atiku
Kabeh mau, yo mung kanggo sliramu..
Wong ayu, sinawang tambah ayu
Yen kelingan, aku ra biso turu
Yen nganti lali, janji-janjimu
Biso-biso, awakku dadi kuru..